Pidhato Mengeti Hari Pendhidhikan
(Wakil kanca-kanca)
Assalamualaikum Wr. Wb. lan salam sejahtera
kangge kita sedaya.
Bapak Kepala Sekolah ingkang
kinurmatan, ingkang kinurmat Bapak/Ibu guru lan para staf TU, serta kanca-kanca
ingkang kula tresnani.
Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Kang
Maha Kuwasa ingkang sampun maringi rahmat lan hidayah dhumateng kula lan
panjenengan sedaya. Saengga kita sedaya saged makempal wonten sekolahan mriki.
Kangge mengeti Hari Pendhidhikan Nasional tanggal 2 Mei.
Sakderengipun, kula nyuwun pangapunten
amargi kula ngadeg wonten ngarsanipun Bapak/Ibu guru sedaya. Kados pundi maleh?
Kula sampun kapilih dados wakil rencang-rencang. Lan kula ngucapaken raos matur
nuwun dhumateng sakdayanipun.
Kula badhe ngaturaken yen ing dinten
menika, kita sedaya mengeti Hari Pendhidhikan Nasional. Pendhidhikan niku
menehi kita ilmu lan keterampilan serta semangat kepahlawanan. Pendhidhikan
menika saged kelakon ing sekolah, kaluwarga uga ing masyarakat.
Kanca-kanca sing kula tresnani.
Sinten sing mboten mireng Ki Hajar
Dewantoro? Panjenengane pahlawan pendhidhikan. Ingkang menehi tuladha sing
becik kangge kita sedaya ing bidang pendhidhikan. Saengga kita sedaya saged
sekolah kanthi kepenak.
Kula nggadhah pepatah yaiku “Migunakake
wektumu kanthi becik, amarga wektu kuwi ora bisa kawulang!”. Mula kita sedaya
utamane kula lan rencang-rencang kudu sregep sinau lan migunakake wektu kanthi
becik. Supaya kita saged dadi manungsa sing miguna kangge kaluwarga luwih-luwih
kangge bangsa niki. Serta mboten dadi manungsa ingkang kuciwa mburi.
Mugi-mugi kita saged ngamalaken ajaran para
sesepuh saengga bisa dadi manungsa sing luhur. Lan entuk kwaruh sing becik
kanggo mbangun bangsa niki.
Wonten pungkasan menika, kula nyuwun
pangapunten sing kathah ingkang wonten kalepatan ingkang disengaja lan mboten
disengaja uga matur suwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar